1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.
2 Dhuh Yehuwah, kawula ngayom dhumateng Paduka,kawula mugi sampun ngantos nandhang kawirangan.Mugi Paduka ngentas kawula amargi kaadilan Paduka,
3 Paduka mugi nilingna dhateng kawula,karsaa enggal paring wangsulan!Paduka mugi karsaa dados redi sela papan pangayoman kawula,beteng santosa ingkang mitulungi kawula!
4 Awit Paduka punika redi sela tuwin beteng kawula,kawula badhe Paduka irid saha Paduka tuntun margi saking asma Paduka.