13 Kawula sampun ical saking pengetan kadosdene tiyang pejah,kawontenan kawula kados barang ingkang sampun pecah.
14 Amargi kawula mireng tiyang kathah sami bisik-bisik,-- kawula kinepang ing pagiris --sami sekuthon badhe nglawan dhateng kawula,ngangkah dhateng nyawa kawula.
15 Nanging kawula kumandel dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah,kawula matur: “Paduka punika Allah kawula!”
16 Gesang kawula punika wonten ing asta Paduka,Paduka mugi karsaa nguwalaken kawulasaking tanganipun para satru kawula saha tiyang ingkang sami ngoyak-oyak kawula!
17 Wadana Paduka mugi madhangna abdi Paduka,kaluwarana margi saking sih-kadarman Paduka!
18 Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun ngantos Paduka tegakakening salebetipun nandhang kawirangan,amargi kawula nyebut dhumateng Paduka;tiyang duraka punika kajengipun sami nandhang kawiranganmandhapa dhateng teleng palimengan klayan kendel.
19 Sakathahing lambe cidra kajengipun dados bisu,ingkang nyendhu dhateng tiyang buruskalayan kumethak lan nyenyampahi!