14 Amargi kawula mireng tiyang kathah sami bisik-bisik,-- kawula kinepang ing pagiris --sami sekuthon badhe nglawan dhateng kawula,ngangkah dhateng nyawa kawula.
15 Nanging kawula kumandel dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah,kawula matur: “Paduka punika Allah kawula!”
16 Gesang kawula punika wonten ing asta Paduka,Paduka mugi karsaa nguwalaken kawulasaking tanganipun para satru kawula saha tiyang ingkang sami ngoyak-oyak kawula!
17 Wadana Paduka mugi madhangna abdi Paduka,kaluwarana margi saking sih-kadarman Paduka!
18 Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun ngantos Paduka tegakakening salebetipun nandhang kawirangan,amargi kawula nyebut dhumateng Paduka;tiyang duraka punika kajengipun sami nandhang kawiranganmandhapa dhateng teleng palimengan klayan kendel.
19 Sakathahing lambe cidra kajengipun dados bisu,ingkang nyendhu dhateng tiyang buruskalayan kumethak lan nyenyampahi!
20 Iba lubering kautamen Padukaingkang kacawisaken dhateng tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka,ingkang sampun Paduka tandukaken dhateng tiyang ingkang sami ngayom dhateng ing Paduka,wonten ing ngajengipun manungsa!