5 Paduka badhe ngluwari kawula saking kala,ingkang kapasang dening tiyang kangge kawula,amargi Paduka ingkang dados pangauban kawula.
6 Nyawa kawula, kawula pasrahaken wonten ing asta Paduka;dhuh Yehuwah, Allah ingkang setya tuhu, Paduka ingkang ngluwari kawula.
7 Paduka sengit dhateng tiyang ingkang memuja dhateng brahala ingkang tanpa gina,nanging kawula pitados dhumateng Sang Yehuwah.
8 Kawula badhe asurak-surak sukarena margi sih-kadarman Paduka,awit Paduka mirsani kasrakatan kawula saha nupiksani karupekaning nyawa kawula,
9 saha kawula boten Paduka ulungaken dhateng ing tanganing mengsah,nanging Paduka kekahaken lampahing suku kawula wonten ing omberan.
10 Dhuh Yehuwah, mugi kawula Paduka welasi, awit kawula rumaos rupek;mripat, nyawa tuwin badan kawula nglemprek saking prihatos.
11 Amargi gesang kawula katedha ing kasisahansaha tauning umur kawula sami telas dening pangesah;kekiyatan kawula mundur margi saking kasangsaran kawula,sarta balung kawula sami gopok.