7 Paduka sengit dhateng tiyang ingkang memuja dhateng brahala ingkang tanpa gina,nanging kawula pitados dhumateng Sang Yehuwah.
8 Kawula badhe asurak-surak sukarena margi sih-kadarman Paduka,awit Paduka mirsani kasrakatan kawula saha nupiksani karupekaning nyawa kawula,
9 saha kawula boten Paduka ulungaken dhateng ing tanganing mengsah,nanging Paduka kekahaken lampahing suku kawula wonten ing omberan.
10 Dhuh Yehuwah, mugi kawula Paduka welasi, awit kawula rumaos rupek;mripat, nyawa tuwin badan kawula nglemprek saking prihatos.
11 Amargi gesang kawula katedha ing kasisahansaha tauning umur kawula sami telas dening pangesah;kekiyatan kawula mundur margi saking kasangsaran kawula,sarta balung kawula sami gopok.
12 Kawula dados cecampahaning mengsah kawula,lan njalari girisipun para tangga tepalih kawula,punapa dene damel kagetipun para pitepangan kawula;tiyang ingkang sami sumerep kawula wonten ing margi, lajeng sami lumajeng.
13 Kawula sampun ical saking pengetan kadosdene tiyang pejah,kawontenan kawula kados barang ingkang sampun pecah.