1 He para wong mursid, padha asurak-suraka ana ing Sang Yehuwah!Awit wus samesthine, manawa wong tulus atine padha memuji.
2 Padha saosa puji sokur marang Sang Yehuwah kalawan clempung,kidungna masmur kalawan slukat akawat sepuluh.
3 Kidungna kekidungan anyar;diprigel panabuhmu kanthi swara kang rame!
4 Sebab pangandikane Sang Yehuwah iku nyata,samubarang kabeh katindakake kalawan setya tuhu.
5 Panjenengane karenan marang kang bener lan adil;bumi kebak ing sih-kamurahaning Yehuwah.