15 Kabeh padha diwangun atine,sarta digatosake apa sapanggawene.
16 Kaslametaning raja iku ora jalaran saka gedhening pangwasane;pahlawan iku ora bakal kapitulungan marga saka gedhening kakuwatane.
17 Jaran iku tangeh yen marakake unggul,lan karosane kang ngedab-edabi ora njalari bisa oncat.
18 Lan paningale Sang Yehuwah nguningani wong kang padha wedi marang Panjenengane,sarta nganti-anti marang sih-kadarmane,
19 supaya nyawane kauwalake saka ing pati,sarta padha diuripi ing mangsa paceklik.
20 Nyawa kita nganti-anti marang Sang Yehuwah.Panjenengane iku pitulungan lan tetameng kita.
21 Sanyata ati kita bungah marga saka Panjenengane,awit kita pracaya marang asmane kang suci.