19 supaya nyawane kauwalake saka ing pati,sarta padha diuripi ing mangsa paceklik.
20 Nyawa kita nganti-anti marang Sang Yehuwah.Panjenengane iku pitulungan lan tetameng kita.
21 Sanyata ati kita bungah marga saka Panjenengane,awit kita pracaya marang asmane kang suci.
22 Dhuh Yehuwah, sih-kadarman Paduka lumuntura dhateng kawula sadaya,kadosdene pangantos-antos kawula sadaya dhumateng Paduka.