4 Sebab pangandikane Sang Yehuwah iku nyata,samubarang kabeh katindakake kalawan setya tuhu.
5 Panjenengane karenan marang kang bener lan adil;bumi kebak ing sih-kamurahaning Yehuwah.
6 Sakehing langit padha katitahake dening sabdane Pangeran Yehuwah,sakehing balane dening napasing lesane.
7 Banyuning segara dikumpulake kaya bebendungan,samodra gedhe dilebokake ing wadhah.
8 Salumahing bumi cikben padha wedi marang Sang Yehuwah,wong saisining jagad cikben padha gumeter ana ing ngarsane!
9 Amarga Panjenengane ngandika, kabeh banjur dadi;Panjenengane dhawuh, kabeh banjur ana.
10 Sang Yehuwah nggagalake rancangane para bangsa;murungake rancangane para suku bangsa;