9 Amarga Panjenengane ngandika, kabeh banjur dadi;Panjenengane dhawuh, kabeh banjur ana.
10 Sang Yehuwah nggagalake rancangane para bangsa;murungake rancangane para suku bangsa;
11 nanging karsane Sang Yehuwah iku tetep ing salawase,tuwin ciptaning galih iku turun-tumurun.
12 Rahayu bangsa kang nganggep Sang Yehuwah dadi Allahe,sarta suku bangsa kang kapilih iku dadi kagungane!
13 Pangeran Yehuwah maspaosake saka ing swarga,lan mirsani sakehing anake manungsa;
14 saka ing padalemane nguninganisakehing isine bumi.
15 Kabeh padha diwangun atine,sarta digatosake apa sapanggawene.