1 Anggitane Sang Prabu Dawud, nalika mindha-mindha wong kang owah pikirane ana ing ngarsane Prabu Abimelekh, temah ditundhung, banjur angles.
2 Pangeran Yehuwah arep dakpuji ing salawase;pepujian marang Panjenengane tetep ana ing cangkemku.
3 Marga saka Sang Yehuwah nyawaku rumangsa mulya;wong kang lembah manah cikben padha krungu lan padha bungah.
4 Payo padha ngluhurake Sang Yehuwah bareng karo aku,payo padha bebarengan nyuwurake asmane!