12 He para bocah, padha ngrungokna pituturku,kowe padha dakwulang wedi-asih marang Pangeran Yehuwah.
13 Sapa kang seneng urip,kang kepengin umur dawa supaya bisa ngrasakake kang becik?
14 Ilatmu pekaken aja nganti medharake tembung alasarta lambemu aja ngucapake kang cidra;
15 ngedohana piala, nglakonana kang becik,ngudia marang karukunan lan arahen nganti kacekel!
16 Tingale Sang Yehuwah mirsani wong mursid,sarta talingane midhangetake ing pasambate;
17 wedanane Pangeran Yehuwah nglawan para wong kang gawe piala,supaya pangenget-enget tumrap wong-wong mau kasirnakake saka ing bumi.
18 Manawa para wong mursid sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur dipiyarsakake,sarta padha diluwari saka ing sakehing rerubede.