14 Ilatmu pekaken aja nganti medharake tembung alasarta lambemu aja ngucapake kang cidra;
15 ngedohana piala, nglakonana kang becik,ngudia marang karukunan lan arahen nganti kacekel!
16 Tingale Sang Yehuwah mirsani wong mursid,sarta talingane midhangetake ing pasambate;
17 wedanane Pangeran Yehuwah nglawan para wong kang gawe piala,supaya pangenget-enget tumrap wong-wong mau kasirnakake saka ing bumi.
18 Manawa para wong mursid sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur dipiyarsakake,sarta padha diluwari saka ing sakehing rerubede.
19 Pangeran Yehuwah ana ing sacedhake para wong kang rempu atine,sarta para wong kang pepes budine padha dipitulungi.
20 Wong mursid iku akeh rerubede,nanging diluwari dening Sang Yehuwah saka sakehe iku kabeh,