20 Wong mursid iku akeh rerubede,nanging diluwari dening Sang Yehuwah saka sakehe iku kabeh,
21 Panjenengane ngreksa balung-balunge,nganti ora ana kang tugel siji-sijia.
22 Wong duraka bakal dipateni dening kasangsaran,sarta sing sapa sengit marang wong mursid, mesthi oleh paukuman.
23 Pangeran Yehuwah ngluwari nyawane para abdine,sarta sakehing wong kang pracaya marang Panjenengane ora bakal kaukum.