4 Payo padha ngluhurake Sang Yehuwah bareng karo aku,payo padha bebarengan nyuwurake asmane!
5 Aku wus ngupaya Pangeran Yehuwah, banjur diparingi wangsulan,sarta diluwari saka sabarang kang marakake girisku.
6 Padha mandenga marang Pangeran Yehuwah,ulatmu mesthi bakal padha dibingarake,sarta mesthi ora bakal padha kawirangan.
7 Wong kang katindhes iki asesambat, nuli dipiyarsakake dening Sang Yehuwah;sarta diluwari saka ing sakehe rerubede.
8 Malaekate Pangeran Yehuwah ngamping-ampingi wong kang ngabekti marang Panjenengane,sarta padha kaluwaran.
9 Mara padha ngrasakna lan nyawanga sapira gedhene kasaenane Pangeran Yehuwah iku!Rahayu wong kang ngungsi marang Panjenengane!
10 He para kagungane Pangeran kang suci, padha wedi-asiha marang Sang Yehuwah,wong kang wedi-asih marang Pangeran Yehuwah padha ora kekurangan apa-apa.