7 Wong kang katindhes iki asesambat, nuli dipiyarsakake dening Sang Yehuwah;sarta diluwari saka ing sakehe rerubede.
8 Malaekate Pangeran Yehuwah ngamping-ampingi wong kang ngabekti marang Panjenengane,sarta padha kaluwaran.
9 Mara padha ngrasakna lan nyawanga sapira gedhene kasaenane Pangeran Yehuwah iku!Rahayu wong kang ngungsi marang Panjenengane!
10 He para kagungane Pangeran kang suci, padha wedi-asiha marang Sang Yehuwah,wong kang wedi-asih marang Pangeran Yehuwah padha ora kekurangan apa-apa.
11 Singa anom padha nandhang papa lan keluwen,nanging wong kang ngupaya Sang Yehuwah padha ora kekurangan sabarang kang becik.
12 He para bocah, padha ngrungokna pituturku,kowe padha dakwulang wedi-asih marang Pangeran Yehuwah.
13 Sapa kang seneng urip,kang kepengin umur dawa supaya bisa ngrasakake kang becik?