1 Anggitane Prabu Dawud.Dhuh Yehuwah, Paduka mugi mabenana tiyang ingkang sami mabeni kawula,mugi merangana tiyang ingkang sami merangi kawula.
2 Paduka mugi karsaa ngasta tameng lan paris,Paduka mugi karsaa jumeneng mitulungi kawula.
3 Paduka mugi karsaa ngedalaken tumbak kaliyan wadung-perangkangge nglawan para tiyang ingkang sami ngoyak kawula;saha Paduka mugi karsaa ngendika dhateng nyawa kawula:“Ingsun kang mitulungi sira.”
4 Tiyang ingkang sami ngangkah nyawa kawulamugi samia kisinan lan kawirangan,tuwin ingkang ngangkah dhateng sangsara kawulamugi samia mundur lan kisinan.
5 Samia kados mrambut kabur ing angin,samangsa sami kakentasaken dening Malaekating Yehuwah.
6 Marginipun dadosa peteng saha lunyu,saha sami kaoyaka dening Malaekating Yehuwah.
7 Tanpa jalaran anggenipun masangi kala-jiret dhateng kawula,tanpa jalaran anggenipun ndhudhuk luwangan kangge kawula.