11 Seksi ingkang remen dhateng kakerasan sami jumedhul,sami nggigat ing bab ingkang boten kawula ngretosi.
12 Kasaenan kawula dipun wales piawon,temah nyawa kawula dados pepes.
13 Ewadene menggah kawula, nalika tiyang punika sami sakit,kawula mangangge bagor,kawula nyiksa badan kawula kaliyan siyam,tuwin pandonga kawula thukul malih wonten ing manah kawula,
14 kados-kados mitra kawula utawi sadherek kawula ingkang sakit,kados makaten tangkep kawula;kawula tansah nandhang sisah kados tiyang ingkang kapejahan biyungipun,lampah kawula tansah tumungkul kalayan mangangge bagor.
15 Nanging sareng kawula kesandhung saha dhawah, lajeng sami bingah saha nglempak,sami nggrombol nglawan kawula;tiyang ingkang boten tepang kaliyan kawula,sami nenacad kawula tanpa kendel-kendel;
16 anggenipun ngece kawula kados patrapipun tiyang dursila,klayan nggeget-nggeget untu dhateng kawula.
17 Dhuh Pangeran, ngantos benjing punapa anggen Paduka namung mirsani kemawon?Nyawa kawula mugi Paduka luwari saking pangrisakipun tiyang-tiyang punika,sarta saking singa-singa enem!