15 Nanging sareng kawula kesandhung saha dhawah, lajeng sami bingah saha nglempak,sami nggrombol nglawan kawula;tiyang ingkang boten tepang kaliyan kawula,sami nenacad kawula tanpa kendel-kendel;
16 anggenipun ngece kawula kados patrapipun tiyang dursila,klayan nggeget-nggeget untu dhateng kawula.
17 Dhuh Pangeran, ngantos benjing punapa anggen Paduka namung mirsani kemawon?Nyawa kawula mugi Paduka luwari saking pangrisakipun tiyang-tiyang punika,sarta saking singa-singa enem!
18 Kawula lajeng badhe ngidungaken panuwun dhateng Paduka wonten ing pasamuwan agung,Paduka badhe kawula luhuraken wonten ing satengahing rakyat kathah.
19 Tiyang ingkang sami nyatru dhateng kawula tanpa sabab,punika sampun ngantos sami bingah-bingah ing bab kawula,tiyang-tiyang ingkang sami sengit dhumateng kawula tanpa sabab,sampun ngantos kedhap-kedhep mripat.
20 Ingkang dipun rembag sanes karukunan,malah sami ngrancang pratingkah cidrakangge nglawan tiyang ing nagari ingkang gesangipun sami rukun.
21 Punapa malih sami broak-braok ujaripun dhateng kawula;tembungipun: “Sokur, sokur, mripatku wus weruh!”