21 Punapa malih sami broak-braok ujaripun dhateng kawula;tembungipun: “Sokur, sokur, mripatku wus weruh!”
22 Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang sampun nguningani, mugi Paduka sampun kendel kemawon,dhuh Pangeran, mugi sampun ngantos nebihi kawula!
23 Paduka mugi karsaa wungu lan karsaa jumeneng mbelani wewenang kawula,dhuh Allah kawula, lan Gusti kawula, Paduka mugi karsaa ngembani prakawis kawula.
24 Dhuh Yehuwah Allah kawula, Paduka mugi karsaa ngadili kawula ingkang salaras kaliyan kaadilan Paduka,supados tiyang punika sampun ngantos sami bingah-bingah ing bab kawula!
25 Sampun ngantos sami nggraita makaten:“Lah kaya mangkono kuwi kang padha dakkarepake.”Utawi ungelipun: “Saiki dheweke wis dakuntal!”
26 Sami nandhanga wirang saha isin sesarengan,tiyang ingkang sami bingah-bingah margi saking sangsara kawula,tiyang ingkang sami methenthengi kawula,sami nandhanga wirang isin.
27 Tiyang ingkang sami kepengin sumerep kawula dipun leresaken,punika kajengipun sami asurak-surak saha abingah-bingah!sarta tansah sami wicantena makaten: “Pangeran Yehuwah iku agung,kang ngarsakake rahayune abdine!”