25 Sampun ngantos sami nggraita makaten:“Lah kaya mangkono kuwi kang padha dakkarepake.”Utawi ungelipun: “Saiki dheweke wis dakuntal!”
26 Sami nandhanga wirang saha isin sesarengan,tiyang ingkang sami bingah-bingah margi saking sangsara kawula,tiyang ingkang sami methenthengi kawula,sami nandhanga wirang isin.
27 Tiyang ingkang sami kepengin sumerep kawula dipun leresaken,punika kajengipun sami asurak-surak saha abingah-bingah!sarta tansah sami wicantena makaten: “Pangeran Yehuwah iku agung,kang ngarsakake rahayune abdine!”
28 Wondene ilat kawula badhe nyariyosaken kaadilan Paduka,tuwin memuji Paduka ing sadinten muput.