6 Marginipun dadosa peteng saha lunyu,saha sami kaoyaka dening Malaekating Yehuwah.
7 Tanpa jalaran anggenipun masangi kala-jiret dhateng kawula,tanpa jalaran anggenipun ndhudhuk luwangan kangge kawula.
8 Tiyang punika kadhatengana ing bilai ingkang boten kanyana-nyana,sarta kajireta ing kala ingkang kapasang piyambak,kajengipun dhawah temah sirna!
9 Nanging kawula badhe asurak-surak margi saking Pangeran Yehuwah,sarta badhe suka pari suka margi saking paringipun pitulungan.
10 Balung kawula sadaya badhe munjuk makaten:“Dhuh Yehuwah, sinten ingkang kados Paduka,ingkang ngluwari tiyang kesrakat saking tanganipun tiyang ingkang langkung kiyat katimbang piyambakipun,sarta ingkang ngluwari tiyang sangsara saha mlaratsaking tanganipun ingkang ngrampog?”
11 Seksi ingkang remen dhateng kakerasan sami jumedhul,sami nggigat ing bab ingkang boten kawula ngretosi.
12 Kasaenan kawula dipun wales piawon,temah nyawa kawula dados pepes.