1 Masmur anggitane Prabu Dawud nalika nyaosake kurban pengetan.
2 Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun ngantos kaukum salebeting bebendu Paduka,sarta kawula sampun ngantos karangket ing salebeting bramantya Paduka;
3 amargi kawula ketaman ing panah Paduka,asta Paduka sampun ndhawahi kawula.
4 Daging kawula boten wonten ingkang saras margi saking bebendu Paduka,balung kawula boten wonten ingkang wilujeng margi saking dosa kawula;
5 amargi piawon kawula sampun tumempuh dhateng ing sirah kawulasadayanipun punika kados momotan ingkang langkung dening awrat saha kawraten tumrap kawula.