14 Nanging kawula kados tiyang budheg, boten mireng,lan kados tiyang bisu, ingkang boten mbikak cangkemipun.
15 Malah kados tiyang ingkang boten mireng,lan cangkemipun boten saged mabeni.
16 Dene Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng, dhuh Yehuwah;Paduka ingkang badhe maringi wangsulan, dhuh Pangeran Allah kawula.
17 Gagasan kawula makaten: “Anggeripun tiyang punika sampun ngantos bingah-bingah margi saking kawula,sampun ngantos gumunggung manawi suku kawula gloyoran!”
18 Awit kawula badhe dhawah jalaran kasandhung,saha kawula tansah karidhu ing sakit.
19 Dene kawula ngakeni kalepatan kawula,kawula melang-melang margi saking dosa kawula.
20 Mengsah kawula kathah sanget,tuwin kathah tiyang ingkang sengit dhumateng kawula tanpa sabab;