19 Dene kawula ngakeni kalepatan kawula,kawula melang-melang margi saking dosa kawula.
20 Mengsah kawula kathah sanget,tuwin kathah tiyang ingkang sengit dhumateng kawula tanpa sabab;
21 tiyang ingkang males awon dhateng kasaenan kawula,sami nglawan kawula, amargi kawula ngudi dhateng kasaenan.
22 Dhuh Yehuwah Allah kawula, Paduka mugi sampun negakaken kawula,sampun nebihi kawula.
23 Mugi enggala mitulungi kawula,dhuh Pangeran, Pamarta kawula!