4 Daging kawula boten wonten ingkang saras margi saking bebendu Paduka,balung kawula boten wonten ingkang wilujeng margi saking dosa kawula;
5 amargi piawon kawula sampun tumempuh dhateng ing sirah kawulasadayanipun punika kados momotan ingkang langkung dening awrat saha kawraten tumrap kawula.
6 Koreng kawula mambet boten eca, ngemu nanahmargi saking bodho kawula.
7 Kawula ngantos wungkuk, ngantos mbengkeluk sanget;sadinten muput anggen kawula lumampah sarwi mangangge bagor.
8 Bangkekan kawula kebak tatu,saha daging kawula boten wonten ingkang wetah;
9 kawula nglempuruk, katelasan kakiyatan,kawula asesambat amargi manah kawula trataban.
10 Dhuh Pangeran, Paduka nguningani sadaya pepenginan kawula,sarta boten kesamaran menggah pasambat kawula.