9 kawula nglempuruk, katelasan kakiyatan,kawula asesambat amargi manah kawula trataban.
10 Dhuh Pangeran, Paduka nguningani sadaya pepenginan kawula,sarta boten kesamaran menggah pasambat kawula.
11 Manah kawula trataban, kakiyatan kawula telas,saha mripat kawula koncatan sunaripun.
12 Mitra saha tetepangan kawula sami sumingkir, margi saking memala kawula,saha sanak-sadherek kawula sami nebih.
13 Tiyang ingkang ngarah nyawa kawula sami masang kala-jiret,ingkang murih cilaka kawula sami ngrantam badhe ngrisak kawula,saha saben dinten ngrancang paekan.
14 Nanging kawula kados tiyang budheg, boten mireng,lan kados tiyang bisu, ingkang boten mbikak cangkemipun.
15 Malah kados tiyang ingkang boten mireng,lan cangkemipun boten saged mabeni.