1 Kanggo lurah pasindhen, kanggo Yedutun. Masmur anggitane Prabu Dawud.
2 Gagasanku mangkene: “Aku dak ngati-ati,supaya aku aja nganti nglakoni dosa kalawan ilatku,cangkemku dakjaga kalawan dakbrangus,sajrone wong duraka isih ana ing ngarepku.”
3 Aku mbisu, aku meneng,aku mbisu, aku adoh karo bab kang becik,nanging prihatinku saya banget.
4 Atiku panas ana ing jeroku,murub kaya geni nalika aku sesambat;aku munjuk kalawan ilatku: