2 Gagasanku mangkene: “Aku dak ngati-ati,supaya aku aja nganti nglakoni dosa kalawan ilatku,cangkemku dakjaga kalawan dakbrangus,sajrone wong duraka isih ana ing ngarepku.”
3 Aku mbisu, aku meneng,aku mbisu, aku adoh karo bab kang becik,nanging prihatinku saya banget.
4 Atiku panas ana ing jeroku,murub kaya geni nalika aku sesambat;aku munjuk kalawan ilatku:
5 “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa paring sumerep bab ngajal kawula,punapadene bab watesing umur kawula,supados kawula mangretos bilih kawula punika boten langgeng!
6 Lah dangunipun umur kawula punika sampun Paduka temtokaken namung sawatawis tebah;saha gesang kawula punika kados barang ingkang kothong wonten ing ngarsa Paduka,pancen saben tiyang punika namung satunggaling bab ingkang tanpa gina. (Selah)
7 Manungsa punika namung kadosdene wewayangan ingkang langkung,namung usreg kemawon bab barang ingkang tanpa paedah,nandho-nandho nanging boten sumerep sinten ingkang badhe ngrakup.
8 Dados sapunika ingkang kula ajeng-ajeng punika punapa, dhuh Gusti?Namung Paduka kemawon ingkang kawula ajab.