7 Manungsa punika namung kadosdene wewayangan ingkang langkung,namung usreg kemawon bab barang ingkang tanpa paedah,nandho-nandho nanging boten sumerep sinten ingkang badhe ngrakup.
8 Dados sapunika ingkang kula ajeng-ajeng punika punapa, dhuh Gusti?Namung Paduka kemawon ingkang kawula ajab.
9 Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking sakathahing kalepatan,kawula sampun ngantos dados cecampahanipun tiyang gemblung.
10 Kawula mingkem, boten mbikak cangkem kawula,amargi Paduka piyambak ingkang tumindak.
11 Paduka mugi karsaa nyingkiraken panyiksa Paduka saking kawula,kawula remuk-rempu margi saking panggebag Paduka.
12 Paduka ngrangket tiyang mawi paukuman,jalaran lepat;kaendahanipun Paduka lebur kadosdene renget,pancen saben tiyang punika namung bab ingkang tanpa gina. (Selah)
13 Dhuh Yehuwah mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula,saha nilingna ing pasambat kawula,tetesing eluh kawula sampun Paduka kendelaken kemawon,amargi kawula punika mondhok wonten ing ngarsa Paduka,tiyang neneka kadosdene leluhur kawula sadaya.