1 Kanggo lurah pasindhen, binarung swaraning clempung.Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.
2 Manawi kawula sesambat, mugi karsaa paring wangsulan,dhuh Allah ingkang ngleresaken kawula.Ing salebeting karupekan Paduka ingkang paring omber dhateng kawula,mugi karsaa paring sih-piwelas dhumateng kawula saha karsaa miyarsakaken pandonga kawula!
3 He para priya, nganti pira suwene kaluhuranku diwirangake,nganti pira lawase anggonmu padha rumaket marang kang tanpa guna,sarta anggonmu mburu marang pagorohan? (Selah)
4 Padha sumurupa yen Sang Yehuwah wus milih kang dadi kekasihe;Sang Yehuwah karsaa midhangetake samangsa aku nyenyuwun marang Panjenengane.
5 Nepsua nanging aja nganti gawe dosa,mosika sajroning atimu ana ing paturon,nanging tetepa meneng. (Selah)
6 Padha nyaosna kurban kang bener,sarta kumandela marang Sang Yehuwah.