1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.
2 Aku nganti-anti banget marang Sang Yehuwah,nuli iya diuningani, sarta pasambatku dipiyarsakake.
3 Aku dientasake saka luwenging bilai,lan saka ing bladhering rawa,sikilku banjur didegake ana ing parang,jangkahku dikukuhake.
4 Apadene cangkemku diparingi kidung anyar,kidung pamuji marang Allah kita,akeh wong kang padha weruh, temahan wedi,lan banjur kumandel marang Pangeran Yehuwah.