12 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi sampun ngantos mekak sih-kadarman Paduka saking kawula,kawula mugi tansah kareksaa ing katresnan saha kaleresan Paduka!
13 Amargi bebaya ngepang kawulangantos boten kenging kaetang kathahipun.Kawula sampun ketututan ing duraka kawula,ngantos kawula boten tahan ningali;cacahipun nglangkungi cacahipun rambutipun sirah kawula,temah manah kawula pasrah.
14 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngluwari kawula;dhuh Yehuwah, mugi enggal karsaa paring pitulungan dhumateng kawula!
15 Sadaya tiyang ingkang ngangkah dhateng nyawa kawula,mugi sami nandhanga wirang tuwin isin;ingkang ngudi bilai kawula,mugi sami mundur sarta nandhanga wirang!
16 Tiyang ingkang mungel: “Sokur, sokur!” dhateng kawula,punika mugi kabungkema cangkemipun margi wirang.
17 Tiyang ingkang ngupadosi Paduka,mugi sami bingah-bingah sarta suka-suka margi saking Paduka;ingkang remen dhateng kawilujengan ingkang saking Paduka,tetepa ngucap makaten: “Pangeran Yehuwah, linuhurna!”
18 Kawula punika sangsara lan mlarat,nanging Pangeran nggalih dhateng kawula,Paduka ingkang mitulungi tuwin ngluwari kawula,dhuh Allah kawula, mugi sampun ngantos rendhet!