4 Manawa kecandhak ing lelara, dibiyantu dening Sang Yehuwah ana ing paturone,Paduka sarasaken babar pisan sesakitipun wonten ing patilemanipun.
5 Mungguh aku, aturku mangkene: “Dhuh Yehuwah kawula mugi Paduka welasi,kawula mugi Paduka sarasaken, amargi anggen kawula damel dosa punika dhumateng Paduka.”
6 Satruku padha nyatur aku ala:“Besuk kapan matine wong iku, sarta sirnane jenenge?”
7 Wong kang tilik aku, rembuge goroh:atine kebak piala,bareng metu iku diwartak-wartakake.
8 Sakehing wong kang sengit marang aku padha bisik-bisik bab aku,padha ngrantam piala marang aku:
9 “Wong iku wis kecandhak ing lelara kang mbebayani,anggone ngleleh ora bakal bisa tangi maneh.”
10 Dalah mitraku kang dakpracaya,kang kembul mangan karo aku,iku uga ngethungake tungkake marang aku.