5 Mungguh aku, aturku mangkene: “Dhuh Yehuwah kawula mugi Paduka welasi,kawula mugi Paduka sarasaken, amargi anggen kawula damel dosa punika dhumateng Paduka.”
6 Satruku padha nyatur aku ala:“Besuk kapan matine wong iku, sarta sirnane jenenge?”
7 Wong kang tilik aku, rembuge goroh:atine kebak piala,bareng metu iku diwartak-wartakake.
8 Sakehing wong kang sengit marang aku padha bisik-bisik bab aku,padha ngrantam piala marang aku:
9 “Wong iku wis kecandhak ing lelara kang mbebayani,anggone ngleleh ora bakal bisa tangi maneh.”
10 Dalah mitraku kang dakpracaya,kang kembul mangan karo aku,iku uga ngethungake tungkake marang aku.
11 Nanging Paduka dhuh Yehuwah, mugi karsaa melasi kawula saha njejegaken kawula,kawula lajeng badhe males dhateng tiyang-tiyang punika.