5 Iki bakal dakeling-eling,sajrone nyawaku sedhih lan lesu:sarehne wonge akeh bangetkapriye bisaku majundhisiki wong-wong iku menyang ing padalemaning Allahkalawan surak-surak lan ngrepekake kidung panuwun,ana ing karameaning wong-wong kang padha nganakake pahargyan.
6 Dhuh nyawaku, yagene kok tumungkul,lan ngolang-ngaling ana ing jeroku?Ngarep-arepa marang Allah,awit Panjenengane bakal dakpuji, Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku!
7 Nyawa kawula tumungkul wonten ing nglebet kawula,mila kawula lajeng kengetan dhumateng Paduka,saking ing pasitening benawi Yarden lan ing pareden Hermon,saking ing redi Mizar.
8 Samodra agung nguwuh-uwuh dhateng sami samodra agung,sareng kaliyan kumrasaking grojogan Paduka;kawula karoban ing sakathahing ombak saha alun Paduka.
9 Ing wayah rina Pangeran Yehuwah ndhawuhake sih-kadarman,sarta ing wayah bengi aku ngrepekake kekidungan,pandonga marang Gusti Allahing uripku.
10 Unjukku marang Allah peparangku mangkene:“Punapaa dene Paduka boten ngengeti kawula?Punapaa dene kawula kedah gesang kalayan mangangge bagormargi saking panganiayanipun satru?”
11 Tiyang ingkang nenacad kawula punika,kados nuwek-nuweka balung kawula,sadinten muput tansah wicanten dhateng kawula makaten:“Allahmu ana ing ngendi?”