9 Ing wayah rina Pangeran Yehuwah ndhawuhake sih-kadarman,sarta ing wayah bengi aku ngrepekake kekidungan,pandonga marang Gusti Allahing uripku.
10 Unjukku marang Allah peparangku mangkene:“Punapaa dene Paduka boten ngengeti kawula?Punapaa dene kawula kedah gesang kalayan mangangge bagormargi saking panganiayanipun satru?”
11 Tiyang ingkang nenacad kawula punika,kados nuwek-nuweka balung kawula,sadinten muput tansah wicanten dhateng kawula makaten:“Allahmu ana ing ngendi?”
12 Dhuh nyawaku, yagene kok tumungkul?Yagene kok ngolang-ngaling ana ing jeroku?Ngarep-arepa marang Gusti Allah! Awit Panjenengane dakpuji maneh,Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku!