1 Dhuh Allah, Paduka mugi paring adil dhumateng kawula, karsaa nindakaken prakawis kawula,ingkang tumuju dhateng bangsa ingkang boten saleh!Mugi karsaa nguwalaken kawula saking tiyang ingkang ambek cidra lan culika!
2 Awit Paduka punika Allah ingkang dados pangungsen kawula.Punapaa dene kawula kok Paduka sebrataken?Punapaa dene kawula kedah gesang kalayan mangangge bagor,margi saking panganiayanipun satru?
3 Paduka mugi maringi pepadhang saha kasetyan Paduka,sageda nuntun kawula dhateng redi Paduka ingkang suci,sarta dhateng ing padaleman Paduka.
4 Supados kawula sageda lumebet dhateng ing ngajengipun misbyah Paduka,sowan dhateng ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang paring suka bingah dhateng kawula,saha memuji binarung swaraning clempung,dhuh Allah, Allah kawula!