1 Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Lagune: Alamot. Kidungan.
2 Gusti Allah iku dadi papan pangayoman lan karosan kita,nyata banget kang mitulungi sajroning karubedan.
3 Mulane kita ora bakal miris, sanadyan bumi ngantia ngalih panggona,tuwin gunung-gunung padha gonjing ana ing telenging segara;
4 sanadyan gumuruh sarta banyune munthuk,sarta sanadyan gunung padha horeg marga saka molak-maliking alun. (Selah)
5 Ana bengawan kang iline mbungahake kuthaning Allah,padalemane Kang Mahaluhur.
6 Gusti Allah ana ing kono, mula ora bakal gonjang-ganjing,sarta bakal dipitulungi dening Gusti Allah ing wayah bangun esuk.