3 Mulane kita ora bakal miris, sanadyan bumi ngantia ngalih panggona,tuwin gunung-gunung padha gonjing ana ing telenging segara;
4 sanadyan gumuruh sarta banyune munthuk,sarta sanadyan gunung padha horeg marga saka molak-maliking alun. (Selah)
5 Ana bengawan kang iline mbungahake kuthaning Allah,padalemane Kang Mahaluhur.
6 Gusti Allah ana ing kono, mula ora bakal gonjang-ganjing,sarta bakal dipitulungi dening Gusti Allah ing wayah bangun esuk.
7 Para bangsa padha geger, sakehing karajan padha gonjing,Panjenengane ngedalake swarane, bumi temah ajur mumur.
8 Pangeran Yehuwah Gustining kang sarwa dumadi nunggil karo kita,Allahe Rama Yakub iku dadi beteng kita. (Selah)
9 Mara padha lungaa, sawangen pakaryane Sang Yehuwah,kang nuwuhake tetumpesan ana ing bumi,