1 Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Masmur.
2 He para bangsa kabeh, padha keplok-keploka,padha methuka Gusti Allah kalawan surak-surak!
3 Awit Pangeran Yehuwah Kang Mahaluhur iku nggegirisi,sarta jumeneng Ratu Agung ana ing salumahing bumi.
4 Para bangsa padha ditelukake marang kita,sarta para suku bangsa padha disorake ana ing tlapakan kita.
5 Kita padha kapilihake tanah-pusaka kita,kang digung-gungake dening Rama Yakub, kekasihe. (Selah)
6 Gusti Allah wus sumengka ingiring ing surak rame,iya Sang Yehuwah iku sumengka kalawan kairing ing swaraning kalasangka.