5 Kita padha kapilihake tanah-pusaka kita,kang digung-gungake dening Rama Yakub, kekasihe. (Selah)
6 Gusti Allah wus sumengka ingiring ing surak rame,iya Sang Yehuwah iku sumengka kalawan kairing ing swaraning kalasangka.
7 Gusti Allah padha saosana kekidungan masmur, padha saosana kekidungan masmur.padha ngidunga masmur kagem ratu kita, padha ngidunga masmur!
8 Amarga Gusti Allah iku Ratu ing salumahing bumi,padha ngidunga masmur, kidung piwulang!
9 Gusti Allah iku ngratoni para bangsa,sarta lenggah ing dhampare kang suci.
10 Para panggedhening bangsa-bangsa padha ngumpul,kang padha dadi umate Allahe Rama Abraham.Sabab tameng-tamenging bumi iku kagungane Gusti Allah,Panjenengane iku banget anggone kaluhurake.