1 Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Masmur.
2 He sakehing para bangsa, padha ngrungokna,he sakehing wong ing donya, padha nilingna;
3 para wong cilik lan wong gedhe,para wong sugih lan wong mlarat sakabehe!
4 Cangkemku bakal nglairake kawicaksanan,kang dipikir-pikir dening atiku iku pangreten.
5 Aku bakal nilingake marang bebasan,tuwin bakal ngandharake paribasanku kalawan ngunekake clempung!
6 Yagene kok aku nganti wedi marang dinaning karubedan,rikala aku kinepung ing pialane wong kang padha ngoyak-oyak aku,