4 Cangkemku bakal nglairake kawicaksanan,kang dipikir-pikir dening atiku iku pangreten.
5 Aku bakal nilingake marang bebasan,tuwin bakal ngandharake paribasanku kalawan ngunekake clempung!
6 Yagene kok aku nganti wedi marang dinaning karubedan,rikala aku kinepung ing pialane wong kang padha ngoyak-oyak aku,
7 wong-wong kang padha ngendel-endelake raja-branane,lan umuk marga saka kehing bandhane?
8 Ora ana wong siji-sijia bae kang bisa ngluwari awake dhewe,utawa ngaturi tebusan marang Gusti Allah minangka liruning nyawane.
9 Amarga kelarangen regane pangluwaraning nyawane,lan ora nyukupi ing salawase,
10 supaya lestari urip ing sateruse,lan ora ndeleng luwanganing kuburan.