6 Yagene kok aku nganti wedi marang dinaning karubedan,rikala aku kinepung ing pialane wong kang padha ngoyak-oyak aku,
7 wong-wong kang padha ngendel-endelake raja-branane,lan umuk marga saka kehing bandhane?
8 Ora ana wong siji-sijia bae kang bisa ngluwari awake dhewe,utawa ngaturi tebusan marang Gusti Allah minangka liruning nyawane.
9 Amarga kelarangen regane pangluwaraning nyawane,lan ora nyukupi ing salawase,
10 supaya lestari urip ing sateruse,lan ora ndeleng luwanganing kuburan.
11 Sanyatane, bakal kinawruhan: para wong kang wicaksana padha mati,para wong bodho lan tanpa budi padha mati bareng,lan bandhane ditinggalake marang wong liya.
12 Kubure iku dadi omahe ing salawase,dienggoni nganti turun-tumurun,pategalan-pategalan dianggep dadi duweke.