1 Kanggo lurah pasindhen binarung swaraning suling.Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.
2 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken unjuk kawula,saha karsaa midhangetaken pasambat kawula.
3 Dhuh Ratu kawula saha Allah kawula, Paduka mugi midhangetaken anggen kawula njerit nyuwun pitulungan,amargi dhumateng Paduka anggen kawula ndedonga.
4 Dhuh Yehuwah ing wanci enjing Paduka miyarsakaken swara kawula,ing wanci enjing kawula nyawisaken kurban wonten ing ngarsa Paduka,sarta kawula ngantos-antos.
5 Amargi Paduka punika Allah ingkang boten remen dhateng duraka,tiyang awon boten badhe manggen wonten ing ngarsa Paduka.