2 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken unjuk kawula,saha karsaa midhangetaken pasambat kawula.
3 Dhuh Ratu kawula saha Allah kawula, Paduka mugi midhangetaken anggen kawula njerit nyuwun pitulungan,amargi dhumateng Paduka anggen kawula ndedonga.
4 Dhuh Yehuwah ing wanci enjing Paduka miyarsakaken swara kawula,ing wanci enjing kawula nyawisaken kurban wonten ing ngarsa Paduka,sarta kawula ngantos-antos.
5 Amargi Paduka punika Allah ingkang boten remen dhateng duraka,tiyang awon boten badhe manggen wonten ing ngarsa Paduka.
6 Tiyang gumunggung boten badhe tahan wonten ing ngarsa Paduka,Paduka sengit dhateng sakathahing tiyang ingkang nindakaken piawon.
7 Paduka numpes sakathahipun tiyang dora-cara,Yehuwah eneg mirsani tiyang ingkang ngwutahaken rah saha lampah cidra.
8 Nanging kawula Paduka parengaken sowan lumebet ing padaleman Paduka,amargi saking agenging sih palimirma Paduka.Kawula Paduka parengaken tumungkul sujudmadhep dhateng ing padaleman Paduka ingkang suci,kanthi pakering dhumateng Paduka.