4 Dhuh Yehuwah ing wanci enjing Paduka miyarsakaken swara kawula,ing wanci enjing kawula nyawisaken kurban wonten ing ngarsa Paduka,sarta kawula ngantos-antos.
5 Amargi Paduka punika Allah ingkang boten remen dhateng duraka,tiyang awon boten badhe manggen wonten ing ngarsa Paduka.
6 Tiyang gumunggung boten badhe tahan wonten ing ngarsa Paduka,Paduka sengit dhateng sakathahing tiyang ingkang nindakaken piawon.
7 Paduka numpes sakathahipun tiyang dora-cara,Yehuwah eneg mirsani tiyang ingkang ngwutahaken rah saha lampah cidra.
8 Nanging kawula Paduka parengaken sowan lumebet ing padaleman Paduka,amargi saking agenging sih palimirma Paduka.Kawula Paduka parengaken tumungkul sujudmadhep dhateng ing padaleman Paduka ingkang suci,kanthi pakering dhumateng Paduka.
9 Dhuh Yehuwah Paduka mugi karsaa nuntun kawula wonten ing kaadilan Paduka,awit saking panjejeping mengsah kawula;Paduka mugi ngradinaken margi Paduka wonten ing ngajeng kawula.
10 Amargi tembungipun tiyang-tiyang punika boten wonten ingkang temen,batosipun kebak piawon,gurungipun kadosdene kubur menga,ilatipun ngucapaken lelamisan.