9 Dosa kawula mugi Paduka icali kalayan hisop, temah dados resik,kawula Paduka edusi temah dados pethak, nglangkungi salju!
10 Kawula pinarengana mireng kabingahan lan sukarena,saha balung ingkang sampun Paduka remuk, sageda surak-surak malih!
11 Paduka mugi karsaa ngaling-alingi wedana Paduka, sampun ngantos mirsa dosa kawula,saha kalepatan kawula mugi Paduka lebur sadaya.
12 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa damel resiking manah kawula,sarta batos kawula mugi Paduka enggalaken klayan roh ingkang santosa.
13 Kawula mugi sampun ngantos Paduka bucal saking ngarsa Paduka,saha roh Paduka ingkang suci sampun ngantos kapundhut saking kawula.
14 Paduka mugi karsaa nggigah kabingahan kawula malih margi saking karahayon ingkang saking Paduka,saha kawula Paduka jangkepi klayan roh ingkang eklas!
15 Temahan kawula badhe mulangaken margi Paduka dhateng para tiyang ingkang lampahipun nasar,supados tiyang dosa sami mratobata dhuumateng Paduka.