1 Kanggo lurah pasindhen.Kidung piwulange Prabu Dawud,
2 naliga Doëg, wong Edom seba ngaturi uninga marang Prabu Saul, yen Sang Senopati Dawud wus rawuh ing daleme Imam Akhimelekh.
3 He pahlawan, geneya kowe kok gumunggung ing bab piala,ana ing ngarepe wong kang sadina-dina kinasihan dening Gusti Allah?
4 Kowe ngrantam-ngrantam bilai,ilatmu iku kaya lading panyukuran kang wus kaasah,he wong cidra!